Selasa, 12 Oktober 2010

Unine vokal ing pasinaon basa Jawa

Vokal ing basa Jawa beda karo vokal ing basa liyane, amarga vokal ing basa Jawa ana kang nduweni swara jejeg lan uga swara miring. Swara jejeg tegese swara kang salugune manut unine vokal kasebut, dene swara miring tegese swara kang ora salugune tumrap unine vokal kasebut. (Purwadi, Bijak.2008).
1. Vokal /a/ ing basa Jawa duwe swara jejeg lan swara miring.
Vokal /a/ a swara jejeg, umpamane :
  • lara
  • sega
  • gula
  • lola
  • tela
Vokal/a/ a swara miring, umpamane :
  • ora
  • bapak
  • alas
  • anak
Cathetan : vokal /a/ a swara jejeg manawa antuk panambang owah unine dadi swara miring.
Tuladha : lara + ne = l a r a n e
sega + ne = s e g a n e

2. Vokal /o/ ing basa Jawa duwe swara jejeg lan swara miring
Vokal /o/ swara jejeg umpamane :
  • loro
  • coro
  • tholo
Vokal /o/ swara miring umpamane :
  • popok
  • sogok
  • pothol
Pepeling : vokal /a/ swara jejeg kalamangsa cawuh karo vokal o swara miring. Tegese beda antarane swara karo panulisane, kayata :
  • unine lara katulis loro
  • unine raga katulis rogo
  • unine pala katulis polo
  • lan sapanunggalane.
(kapethik saka Bijak basa Jawa dening Purwadi, guru SMK Batik 1 Surakarta weton cakrawala baru-Klaten)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar